Irah-irahan : Babad Jawi Kartasura 1
Dipunanggit dening : Sri Soeharini
Panerbit : Balai Pustaka
Kacithak warsa : 1987
Papan terbit : Jakarta
Cacahing kaca : 172
Werni sampul : kunir
Wonten ing buku babad Jawi Kartasura 1 menika nyariosaken kahanan ing kartasura nalika dipunpandhegani dening Kanjeng Sinuwun Mangkurat Amral. Nalika wekdal menika sesrawungan ing antawisipun Istana Kartasura kaliyan Yogyakarta boten sae. Wonten kalih putra saking Pangeran Singasari ingkang dipundadosaken putra kaliyan Pangeran Puger, ingkang asmanipun Dyan Punta lan Dyan Santri. Nalika kekalihipun sampun dewasa dipundadosaken pegawai ing Kapugeran. Dipuncariyosaken bilih Dyan Punta menika semedi ing pasarehan almarhum Sunan Tegalwangi lan boten purun wangsul wonten ing Kapugeran nalika ditimbali Sang sinuhun, satemah sang sinuhun duka amargi menika. Piyambakipun mrintah supados Reksanegara mateni Dyan Putra. Keprungu kabar menika Pangeran Sindureja gerah banjur pejah. Sunan ngangkat patih ingkang enggal kalih yaiku Wiraguna lan Sumabrata, ananging kekalih menika gadhahi watak ingkang boten sae. Sunan piyambake boten saged ngerem kelakuane kekalih patihipun, mula Dipati Urawan gerah lan pejah. Warisan Urawan dipun bagi dados kalih yaiku Wiraguna kaliyan Sumabrata amargi Dipati Urawan menika boten gadhah putra. Sunan pejah ing warsa 1627 lan wahyu nurbuat istana dipunpindah ing Kapugeran. Jenazahipun disareaken wonten ing istana Imogiri. Saksampunipun upacara Dipati nyuwun dhateng Pangeran Puger supados dipundadosaken raja, ganteni almarhum ramanipun. Patih Sumabrata boten setuju, ananging Pangeran Dipati tetep dados raja. Seminggu sakwise garwanipun Pangeran Puger dipunpegat amargi Dyan Dipati nganggep Puger menika dados tedeng aling-aling.
Raden Sudira minangka tiyang ingkang ngatur pemakaman Sunan ing Imogiri boten purun wangsul wonten Kartasura, piyambakipun ngajak tiyang-tiyang supados nglawan. Dados panglimo kaliyan patih dipunangkat Amongpraja ingkang dipunbiyantu kaliyan iparipun, asmanipun Raden Surangga. Kangge tandingan istana Kartasura dipundamel istana enggal, lengkap kaliyan alun-alunipun. Sunan nganggep prastawa menika dalangipun Pangeran Puger, pramila Sunan mrintah supados dheweke kaliyan kluarganipun dipunpateni. Antawirya pingin mbela ramanipun ananging boten angsal kaliyan Pangeran Puger. Dheweke disukakaken wonten pager katutup ingkang wonten ing tengah alun-alun kaliyan kluarganipun. Lan Satrajaya dipunangkat dados Patih. Keprungu bilih ramanipun dipunkurung wonten alun-alun, Suryakusuma duka, banjur prajuritipun dipunkirim tumuju dhateng Kartasura supados ngrebut ramanipun. Prajurit Suryakusuma kalah lan mundur wonten Mataram. Amargi putranipun kalah saran saking Patih supados Pangeran Puger dipunbebasaken.
Landa ingkang mapan wonten Betawi sampun angsal serat saking Raja Kartasura lewat Komendur Selut. Kumpeni nganggep bilih ingkang dipunlampahi raja menika klentu amargi boten nyuwun idin.
Tumenggung ing Demak pejah, dipunganti kaliyan tiga putranipun. Pramila wonten ing Demak dipunbagi dados tiga wilayah. Raja Kartasura kaliyan garwanipun wonten masalah satemah Pangeran Dipati nyuwun dhateng Pangeran Puger dados raja ing Kartasura. Ki Rangga saking Semarang lan kumpeni setuju sanget marang Pangeran Dipati. Raden suryakusuma ingkang berontak saged dipuntangkep lan dibeta wonten ing Kartasura. Pangeran puger boten tega ndelok putranipun ingkang ditangkep menika banjur lunga kaliyan kluarganipun wonten ing Ungaran, wonten mrika saged ditampi kanthi sae kaliyan Raden Rangga lan dipunsaranaken tumut wonten kota Semarang. Ing Gunungkidul wonten pemberontak ingkang dipunpandhegani kaliyan Garingsing. Nalika perang wonten Gresik, Pangeran kalah lan mundur ing Lamongan lajeng pandheganipun nglaporaken marang Kartasura. Sunan dhawuhi marang Antaboga tumuju Semarang nyuwun dipunwangsulaken Pangeran Puger.
Amargi
boten saged bebasaken Pangeran Puger, Sunan pingin mejahi putra
Pangeran Puger ananging gagal. Kumpeni nimbali Pangeran Puger supados
tumuju dhateng Betawi, ananging Pangeran Puger boten purun, banjur
diwakilaken dening Ki Rangga. Sakwise 8 dinten Ki Rangga tekan ing
Betawi. Wonten ing sidang Raad Van Indie wonten masalah ageng amargi
Pangeran Puger tau mateni tiyang landa. Saksampunipun 3 dinten Ki Rangga
wangsul ing Semarang kaliyan Kapten Knol mbeta serat pengangkatan
Pangeran Puger dados Raja Kartasura. Landa biyantu prajurit jumlahipun
800 tiyang. Amargi demang Tirtanata pejah, Pati mobat-mabit. Admiral
Speelman ingkang mimpin prajurit saking Betawi sampun wonten ing
Semarang. Rundingan lan kesiapan khusus sampun diwontenaken antarane Ki
Rangga, Janggrana lan Pangeran Sampang kangge pengangkatan Pangeran
Puger dados raja. Kaliyan raja ingkang enggal Pangeran Sampang
dipunwastani panembahan Cakraningtat, Ki rangga Yudanegara dipunwastani
Sura Adi Manggala, lan Janggrana dipunwastani Dipati Janggrana. Setrajaya
diangkat dados Patih lan dipunwastani Tumenggung Cakrajaya, ingkang
dipundampingi kaliyan Tumenggung Kartanegara. Demak anjlok lan pindah
Wonten Semarang. Panguasa Sunan Pakubuwana saya kokoh, ananging katon
elek amargi tumindak putranipun ingkang asma Pangeran Dipati
Mangkunegara.
Landa angsal untung kathah amargi piyabakipun licik. Sunan Pakubuwono banjur mrintah prajuritipun supados nyerang Kartasura kanthi biyantu saking serdadu Kumpeni kaliyan prajurit Sampang lan Surabaya. Kekalihipun kelangan prajurit ingkang kathah, ananging Kartasura ingkang kalah. Pangeran Harya Mataram ingkang dipunkarepaken supados biyantu Sunan Mas malah nyuwun dilindungi marang Sunan Pakubuwono. Sunan Mas lan kluarganipun lunga menyang daerah Kediwang. Sedinten sakwise Sunan Mas lunga, Kartasura dipunpanggoni kaliyan prajurit Sunan Pakubuwono.
Miturut pamanggih kula, buku menika sampun sae dipunwaos amargi dipunwenehi ringkesan cariyos ngagem basa indonesia supados tiyang ingkang boten saged utawi paham kaliyan basa ingkang dipunginaaken wonten ing buku menika saged mangertos menapa tegesipun. Buku punika sae dipunwaos kaliyan masarakat mliginipun kangge nambahi ilmunipun babagan babad jawi kartasura. Buku menika ugi ngemot nile sosial lan nile moral ingkang luhur.
Ananging, wonten ing buku menika kathah tembung-tembung ingkang aurat dipunpahami dening tiyang awam basanipun.