Irah-irahan : Serat Pedhalangan Lampahan Sesaji Raja Suyo
Panganggit : Ki Sarwanto MS. S.Kar
Panerbit : Cendrawasih
Tahun terbit : 1991
Papan terbit : Surakarta
Cacahing kaca : 153 kaca
Werni sampul : Oren
Buku kanthi irah-irahan Serat Pedhalangan Lampahan Sesaji Raja Suyo, ingkang dipunanggit dening Ki Sarwanto MS.S.Kar, kawedalaken dening penerbit Cendrawasih-Surakarta warsa 1991. Wondene cacahing kaca inggih menika 153 kaca. Kertas ingkang dipunginaaken inggih menika kertas buram kanthi sampul werni oren gambar wayang. Sub bab wonten ing buku menika inggih menika 8 sub bab, antawisipun lampahan sesaji raja suyo, janturan jejer negari dwarawati, janturan gapuran, janturan kedhaton dwarawati, janturan pasowanan jawi, janturan adegan sabrang gagah, janturan telas, lan janturan adegan praja ngamarta.
Wonten ing buku Serat Pedhalangan Lampahan Sesaji Raja Suyo menika nyariosaken kahanan wonten ing negari Dwarawati nalika dipunpandhegani dening Lah Sintenta ingkang jejuluk Maha Prabu Sri Bethara Kresna, harimurti, Padmanaba, Cakrapanu, Narayana, Kesawa, Wasudewaputra, Danardana, Janardana ya Wisnumurti.
Wonten carios Sesaji Rojo Suyo inggih menika Para kadhang Pandawa mitados dhumateng kadhangipun werdho inggih Prabu Kresna, murih kasembadanipun sedya anggenipun ngawontenaken Sesaji Rojosuyo. Ewo semanten Prabu Kresna ngendiko menawi para Pandhawa saget ngawontenaken Sesaji Rojo Suyo menawi kaseksen Ratu, satus cacahipun. Kamongko kalenggahan punika, para kadhang Ratu dipunkunjoro dening Prabu Jorosandho kangge sarana damel bekakak kakunjukaken dewaning angkara injih Bethara Lodro.
Nanging sarehning Prabu Kresna sampun sagah hangayomi para Pandhawa kepareng ambudi daya hangluwari para kadang Ratu ingkang dipun kunjara dening Prabu Joro Sandho, kepareng bidal wonten ing Giribojro kadherekaken Raden Werkudara miwah Arjuna.
Prabu Joro Sandho nampi pawarto bilih Giribojro kadhatengan mengsah, mboten sanes Prabu Kresna kadherekaken Raden Werkudara saha Arjuna ingkang sampun saget hanglangkungi pepalang-pepalang ing Giribojro satemah saget mlebet kitha Giribojro, satemah damel dukanipun Prabu Jorosandho. Wusana kepareng mapakaken dhatengipun mengsah.
Prabu Jorosandho sinareng mangertos wonten mengsah tigo, inggih menika Prabu Kresna, Raden Werkudara, saha Raden Arjuno. Prabu Jorosandho mileh perang tandhing kaliyan Raden Werkudara, wusana dados perang tandhing. Awit saking pangreko dayanipun Prabu Kresna, satemah dados sarana sirnanipun Prabu Jorosandho, ugi saget ngluwari para kadhang Ratu, satus cacahipun. Satemah saget kalampah para Pandhawa ngawontenaken Sesaji Raja Suyo, ugi neksekaken kaendahan Taman Mbotono Kawarso.
Miturut pamanggih kula, Reginipun buku menika boten awis. Buku punika sae dipunwaos kaliyan masarakat mliginipun kangge nambahi ilmunipun babagan carios pewayangan sesaji raja suya. Buku menika ugi ngemot nile sosial lan nile moral ingkang luhur.
Ananging, wonten ing buku menika kathah tembung-tembung ingkang aurat dipunpahami dening tiyang awam basanipun.

Tidak ada komentar:
Posting Komentar