UNGGAH-UNGGUH BASA TIYANG JAWI SAKMENIKA
PENDAHULUAN
Kadospundi kahanan tiyang jawi sakmenika gayut kaliyan unggah-ungguh basanipun?. Menika pitakenan ingkang boten gampil dipunwangsuli. Ukara pitakenan menika ngengingi kahanan tiyang jawi sakmenika anggenipun nginaaken basa jawi ingkang sae miturut ungggah-ungguhipun.
PEMBAHASAN
Unggah-ungguh basa inggih menika ngelmu ingkang nyinau perkawis patrapipun tiyang sami rerembagan. Tiyang jawi migunaaken unggah-ungguh basa kangge dasar anggenipun sami sesrawungan kaliyan tiyang sanes. Amargi tiyang jawi menika tiyang ingkang tansah gadhahi tata krama. Anggenipun migunaaken basa jawi wonten undha usukipun miturut patrapipun. Migunaaken basa jawi krama inggil menika salah satunggaling unggah-unggah basanipun tiyang jawi. Basa krama inggil dipunginaaken nalika sesrawungan kaliyan tiyang ingkang langkung sepuh lan nalika wonten ing adicara adat jawa. Miturut kula kathah tiyang ingkang mangertos lan paham kadospundi patrapipun basa jawi krama inggil menika. Ananging tiyang sekedhik ingkang purun migunaaken wonten ing saben dinten-dintenipun.
Griya inggih menika papan ingkang penting sanget kangge ngecakaken basa amargi ing griya wonten tiyang ing kluarga menika ingkang sami rerembagan saben dintenipun. Kluarga menika sarana kangge putra-putrinipun sami sinau babagan unggah-ungguh. Kadadean sakmenika kathah tiyang sepuh ingkang boten paring piwulang kagem putra-putrinipun ngengingi basa jawi krama inggil. Kathah tiyang sepuh ingkang langkung remen menawi putra-putrinipun pinter anggenipun ngendikan ngagem basa indonesia utawi basa inggris saben dintenipun. Kathah tiyang enem ingkang awrat migunaken basa jawi krama inggil anggenipun sesrawungn marang tiyang ingkang luwih sepuh. Ugi kathah tiyang sepuh ingkang langkung remen daftaraken putranipun les basa asing. Putra ingkang sejatosipun mangertos babagan ungggah-ungguh basa sansaya ajrih ngengingi basa jawi krama inggil. Pramila kathah putra ingkang kirang sopan anggenipun ngendikan kaliyan tiyang ingkang langkung sepuh, yaiku ngagem basa jawi ngoko, utawi sakmenika kathah ingkang ngagem basa indonesia. Tiyang sepuh kedah paring piwulang marang putra-putrinipun basa jawi krama inggil lan paring piwulang unggah-ungguh ingkang sae miturut patrapipun.
Wonten ing sekolah, jam pelajaran kangge basa jawi menika sekedhik wekdalipun. Ing Bantul, sekolahan ingkang nyediaaken wekdal kangge pelajaran basa jawi menika beda-beda. SD kaliyan SMP wekdal kangge pelajaran basa jawi menika kalih jam saben minggunipun. Ananing beda kaliyan SMA/SMK miturut kebijakan saking sekolahipun piyambak-piyambak. Piwulangan basa jawi krama inggil saged kanthi nambah guru basa jawi ingkang trampil, saking sekolah dhamel ekstra kurikuler babagan basa jawa. Tuladhanipun kanthi karawitan, macapatan utawi ngendikan ngagem basa jawi krama inggil.
Basa jawi ing Ngayogyakarta dipunkembangaken kanthi dapukan Peraturan Daerah (Perda) DIY Nomor 4 Taun 2011 babagan Tata Nilai Budaya Yogyakarta. Ananging wonten ing perda menika boten spesifik nggambaraken babagan tatanan patrapipun basa jawi. Sakmenika anggenipun ginaaken basa jawi krama inggil, kinten-kinten namung adicara Kraton, Upacara adat, lan adicara mantenan adat jawi. Pemerintah kirang ngiataken para mudha supados sinau kendel migunaaken basa jawi krama inggil. Wonten upaya saking pemerintah salah satunggalipun inggih menika dhamel majalah basa jawi namanipun majalah Joko Lodhang. Sanesipun menika ugi ngunggah vidio basa jawi, dolanan anak lan film cekak basa jawi.
Ing Ngayogyakarta arang sanget wonten les basa jawi. Kathah-kathahipun les basa inggris, korea, jepang, mandarin, lan sanesipun. Saking kasus menika nudhukaken bilih kathah para mudha ingkang ngadohi saking budaya daerah. Sakmenika kathah para mudha ingkang kirang gadhahi minat kaliyan basa daerah. Boten dipunsadari wonten tiyang asing ingkang lancar anggenipun migunaaken basa jawi krama inggil. Tiyang menika dugi ing Ngayogyakarta badhe sinau budaya jawi. Dipungetuni sanget menawi “wong jawa ilang jawane” tiyang jawi ical jawinipun. Kathah piwulang ingkang adiluhung menawi kita purun maos, nyinau budaya jawi. Minimal kita saged njagi supados tiyang ingkang migunaaken basa jawi krama inggil menika sansaya dangu sansaya sekedhik.
PANUTUP
Saking ukara ing nginggil menika bilih tiyang jawi misuwur dados salah satunggalipun suku bangsa ing nusantara ingkang ngasilaken peradaban lan kebudayaan kang adiluhung. Salah satunggalipun saking unggah-ungguh basa utawi undha-usukipun tiyang jawi. Para mudha kedah nglestantunaken basa jawa yaiku krama inggil lan perlu gadhahi rumaos bilih tiyang jawi kedah jawani “wong jawa kudu jawani”. sejatosipun nglestantunaken basa jawi menika boten saestu namung para mudha, ananging pemerintah inggih kedah nglestantunaken basa jawi. Perlu wontenipun penjabaran saking Perda ingkang rumiyin babagan migunaaken basa jawi amargi dereng spesifik ngengingi basa jawi. Mangga kita sedaya nglestantunaken salah satunggaling budaya daerah inggih menika basa jawi. Bangsa ingkang misuwur boten bangsa ingkang gesangipun modern, ananging ugi saged gesang modern tanpa nglalekaken budaya saking leluhuripun utawi saged nguri-uri budayanipun tiyang jawi.
DAFTAR PUSTAKA
R.D.S Hadiwidjana.1967.Tata Sastra. Jogjakarta. U.P Indonesia
www.e-jurnal.com/2015/06/peran-pembelajaran-unggah-ungguh-bahasa.html?m=1
Tidak ada komentar:
Posting Komentar