Minggu, 14 Januari 2018

CARA ANGGENIPUN MATUR



CARA MATUR:
1. Ngaturi Kenduri
“Kepareng matur dhumateng Bapak, ingkang sepindhah kula ing mriki badhe silaturahmi kaping kalih kula dipunutus kaliyan Bapak Wakidi supados benjing sonten tindak kenduri wonten ing griyanipun Bapak Wakidi.”
“inggih matur nuwun, menawi boten wonten alangan kula tindaki.”
2. Njagong Bayi
“Ngaturaken bagya mulya dhumateng Ibu kaliyan Bapak atas lahiripun putra bapak Ibu, mugi-mugi saged dados lare ingkang sholeh/sholehah, bekti kaliyan tiyang sepuh, lan dados lare ingkang migunani.”
“Amiin ya robbal alamin. Matur nuwun. Mugi-mugi pandonganipun panjenengan dipunjabah marang Gusti Allah.”
3. Tuwi tiyang ingkang gerah
“Ingkang sabar nggih, kagem ngaso rumiyin supados enggal-enggal mantun, boten kesupen dipununjuk obatipun, awit sedaya penyakit wonten jampinipun. Dipunkathahi anggenipun nyeyuwun marang Gusti Allah mugi enggal-enggal mantun.  Amiin…”
“Amiin. Nggih maturnuwun. Mugi-mugi pamrayogi panjenengan dadosaken tambah sabar anggen kula nandang sakit., satemah enggal-enggal mantun lan saged pulih kados wingi uni.”
4. Njagong manten
“Ngaturaken bagya mulya dhumateng sang temanten sekaliyan, mugi-mugi saged dados kluarga ingkang sakinah, mawadah, warahmah lan tansah reruntungan kadya mimi lan mintuna.”
“Matur nuwun ingkang ageng kula aturaken saking pandonganipun panjenengan, mugi-mugi Gusti Allah tansah ngijabahi. Amiin ya rabbal alamin.”
5. Ngaturaken bela sungkawa
“Ngaturaken bela sungkawa amargi tilaripun Simbah panjenengan, mugi-mugi amalipun dipuntampi marang Gusti Allah, sedaya kalepatan dipunampuni lan mugi-mugi simbah angsal panggenan ingkang sae saking Gusti Allah, saha kluarga ingkang dipuntinggalaken saged nampi kanthi ikhlas, lan dipunwenehi ketabahan.”
“Amiin ya rabbal alamin. Matur nuwun awit pandonganipun panjenengan.”
6. Ujung nalika riyaya
“Sugeng riyadi, sedaya lepat nyuwun pangapunten ingkang kula sengaja lan boten kula sengaja ingkang sampun kalampahan setunggal warsa kepungkur anggenipun sesrawungan kaliyan panjenengan.”
“inggih semono uga kula nggih nyuwun pangapunten. Mugi Allah tansah nyaosi pangapura marang kalepatan kula lan panjenengan.”
7. Nyanggah penggalihipun tiyang sanes ngengingi papan kangge adicara sarasehan budaya.
“Sakderengipun nyuwun pangapunten menawi kula gadhah pamanggih sanes, miturut kula penggalihipun panjenengan sampun sae ananging luwih saenipun menawi adicara sarasehan budaya menika dipunlaksanakaken wonten ing Pendopo Tedjokusuma kemawon. Amargi Pendopo Tedjokusuma menika langkung wiar.”
“Nggih. Matur nuwun. Mangke dipun penggalih malih.”
8. Wonten kantor jurusan badhe bimbingan kaliyan Bapak/Ibu dosen ananging dosenipun boten wonten, dosen sanes ingkang wonten.
“Nuwun sewu Pak, badhe nyuwun pirsa, Ibu Wulan sampun rawuh menapa dereng? Kula badhe bimbingan skripsi”
“urung rawuh e, coba dihubungi wae.”
9. Ngintun Whatshapp menawi badhe bimbingan
“Assalamualaikum Bu, sugeng enjing, kula Surati saking PBD B 2016. kula badhe sowan Ibu benjing kangge bimbingan skripsi menapa saged?”
10. Nyaosi dhaharan kagem tangganipun
“Bulik, kula dipun dhawuhi Ibuk supados nyaosaken wajik menika kangge panjenengan.”
“iyo nak matur nuwun diaturke Ibu yo.”
11. Pamit badhe ngrumiyini
“Sakderengipun nyuwun pangapunten, kula badhe ngrumiyini amargi wonten jejibahan sanes. Menapa dipun paringaken?”
“Inggih mangga ngatos-atos.”
12. Kancanipun kasil anggone lomba
“Ngaturaken bagya mulya dhumateng Mbak Shinta awit anggenipun lomba sampun kasil angsal juara.”
“Inggih matur nuwun.”
13. Nyuwun donga pangestu marang tiyang sepuh badhe tumut lomba
“Bapak, Ibu insyaallah benjing minggu kula badhe tumut lomba olimpiade matematika, nyuwun pandonganipun supados anggen kula tumut lomba saged kasil.”
“iyo nak sinau sing tenen, aku dadi wong tua gor isone dongake muga anggonmu lomba bisa kasil.”
14. Ngampil buku
“Menawi kepareng kula badhe nyuwun ngampil buku etika jawi?. insyaallah minggu ngajeng kula wangsulaken.”
“Inggih menika bukunipun.”
15. Tindak dhateng wisudanan kancanipun
“Ndherek mangayu bagya awit saking sampun purnanipun anggen panjenengan ngangsu kawruh mugya ngelmunipun saged murakabi dhateng sesami.”
“Amiin. Matur nuwun awit saking pandonganipun.”
16. Nyuwun pirsa margi
“Nyuwun pangapunten Pak, kula badhe nyuwun pirsa griyanipun Mbak Nisa Rahmawati menika pundi nggih?”
“Mbake lurus wae, ana pertelon nengen, turut dalan kuwi ngko kiri dalan eneng omah werno biru ana pagere kuwi, lha iku omahe Mbak Nisa Rahmawati.”
17. Nyambut arta
“Menawi kepareng kula badhe nyuwun ngampil arta kalih atus ewu kangge bayar kuliah lapangan wonten Semarang. Insyaallah kula wangsulaken surya setunggal.”
“Inggih mangke kula pendhetke rumiyin.”
18. Ngempalaken tugas
“Nyuwun pangapunten Ibu, menika kula badhe ngempalaken tugas etika jawi minggu kepengker.”
“o iya kene ndhuk, kekke meja kuwi.”
19. Telat mlebet dhateng kelas amargi ban motoripun bocor
“Nyuwun pangapunten Ibu, kula menika telat anggenipun mlebet dhateng kelas amargi ban motoripun bocor. Menawi kepareng badhe tumut kelas Ibu?”
“oalah iyo, kono gek lungguh wae.”
20. Ngampil hp kangge sms bapak
“Nyuwun paangapunten, menawi kepareng kula badhe nyampil hpnipun panjenengan kangge sms bapak kula, ngabari menawi kula boten saged wangsul dalu punika?”
“o iyo iki dinggo wae.”


Tidak ada komentar:

Posting Komentar

MAKALAH BUDAYA SRAWUNG TUMRAP TIYANG JAWI

MAKALAH BUDAYA SRAWUNG TUMRAP TIYANG JAWI Kangge nyekapi tugas mata kuliah Pendidikan Sosial Budaya Dosen Pe ngampu Sri Hertanti Wul...