Sabtu, 23 September 2017

DOLANAN TRADISIONAL

                                                    "SLUKU-SLUKU BATHOK"


Sluku-sluku bathok // Bathoke ela-elo // Si Rama menyang Solo // Oleh-olehe payung mutho // Mak jenthit lolo lo bah // Wong mati ora obah // Yen obah medeni bocah // Yen urip golekko dhuwit .
Sluku-sluku bathok inggih menika lagu dolanan ingkang biasanipun dilagukaken dening bocah cilik. Lagu menika dipunlagukaken knthi posisi lingguh sukunipun selonjor kaliyan astanipun dimaju munduraken wonten ing suku menika.
Lagu sluku-sluku bathok menika saking basa Arab “Ghuslu-ghuslu bathnaka”, ingkang ngemu teges siramana manahmu. Saben lirik saking lagu menika ngemu teges inggih menika:
“Sluku-sluku bathok”
Ukara menika kajupuk saking basa Arab “Ghuslu-ghuslu bathnaka” ingkang ngemu teges siramana manahmu. Pamanggih sanesipun saking tembung “usluk fa usluka bathnaka, bathnaka ila Allah”. tegesipun kita kedah ngresiki batin rumiyin sakderengipun ngresiki awak utawi raga. Amargi langkung gampil ngresiki awak tinimbang ngresiki batin utawi manah.
“Bathoke ela-elo”
Ngresiki batin kanthi ela-elo, inggih menika kanthi “Batinipun nglantunaken: laa illaha ilallah,” tegesipun kita kedah dzikir marang Gusti Allah nalika bingah ugi susah, amargi sedaya prastawa menika gadhahi hikmahipun.
“Si rama menyang Solo”
Saking tembung Sharimi Yasluka (jupuken siji dalan mlebet) ingkang dipun karepaken inggih menika dalan kabingahan lan keslametan, kanthi nglaksanaaken ajaran agama ingkang bener, berIslam ingkang bener.
“Oleh-olehe payung mutho”
Njagi sholatipun kemawon dereng cukup, kedah ngucap “oleh-olehe payung mutho”, inggih menika nglantunaken “laa illaha ilallah hayyun mauta”. Tegesipun kita kedah dzikir marang gusti Allah mumpung taksih diparingi gesang wonten ing ngalam donya, tobato sakderengipun pejah. Payung mutho menika payung jadul saking dluwang semen ingkang ageng sanget, biasanipun kangge ngiringi keranda jenazah.
 “Mak jentit lolo lo bah’
Mula menika, “fajaddid allaila lubbah”, yaiku dandanana (imanmu kanthi pocapan la ilaaha illallah) nalika tengah wengi. Jentit wonten mriki dipuntegesi gerakan sujud. Mak jentit inggih nunjukaken menawa nyawa menika singkat, gampil mawon pedot menawi Gusti Allah kersa.
“Wong mati ora obah”
Jasad tiyang ingkang sampun pejah, boten saged obah. Saking tembung “hayun wal mauta innalillah”.sampun boten gadhah wekdal menawi sampun pejah. Kesempatan kangge pados amal sampun boten wonten. Kathah ingkang pengin gesang malih ananging Gusti Allah boten ngijinaken. Menawi mayat menika gesang malih bentukipun medeni lan mudharatipun langkung kathah.
“Yen obah medeni bocah”
Menawi menika obah damel ajrih bocah cilik, “yen obah medeni bocah” menika saking tembung “mahabbatan mahrajuhu taubah” tegesipun katresnan tumuju dhateng tobat.
“Yen urip goleko dhuwit”
Saking tembung “yasrifu inal khalaqna insana mi dhafiq”, tegese sejatosipun maungsa dipunciptaaken saking banyu ingkang memancar. Mula saking menika nalika kita taksih dipun paringi gesang saking Gusti Allah kita kedah migunaaken kesempatan menika kangge pados amal ingkang kathah sakderengipun terlambat.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

MAKALAH BUDAYA SRAWUNG TUMRAP TIYANG JAWI

MAKALAH BUDAYA SRAWUNG TUMRAP TIYANG JAWI Kangge nyekapi tugas mata kuliah Pendidikan Sosial Budaya Dosen Pe ngampu Sri Hertanti Wul...