Selasa, 26 September 2017

TULADHA LAYANG IBER-IBER


Sembah pangabekti kula, katur dhumateng Bapak saha Ibu wonten ing dalem.

Assalamualaikum warahmatullahi wabarakatuh.
 
Nuwun,
Kanthi serat menika, kula nyaosi pirsa bilih saking berkah pangeran, kula wonten ing mriki tansah ginanjar kawilujengan. Ingkang kula suwun mugi-mugi Bapak saha Ibu semanten ugi.
Kejawi saking menika, bilih wonten ing wulan desember, kampus kula badhe ngawontenaken studi banding wonten ing Bali. Pramila keparenga kula nyuwun idin saha donga pangestu supados kegiatan studi banding menika sageda lumampah kanthi sae sarta sageda migunani dhumateng kula sakanca.
Ing wasana cekap semanten ingkang saged, kula aturaken. Wonten kalepatan kula nyuwun agunging pangapunten.
Maturnuwun,

Wassalamualaikum warahmatullahi  wabarakatuh.

Ngayogyakarta, 24 September 2017
                            
                             Ingkang putra
                                 (tapak asta)
                               Surati

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

MAKALAH BUDAYA SRAWUNG TUMRAP TIYANG JAWI

MAKALAH BUDAYA SRAWUNG TUMRAP TIYANG JAWI Kangge nyekapi tugas mata kuliah Pendidikan Sosial Budaya Dosen Pe ngampu Sri Hertanti Wul...