TINDAK WONTEN GRIYANIPUN IKA
Nalika kula taksih Smp, kula lan kanca kula lunga menyang griyanipun Ika wonten Dongkelan, amargi Ika sampun seminggu boten mlampah dhateng sekolah. Banjur nalika dinten setu kula lan kanca kula menyang griyanipun Ika numpak bis. Wektu iku bibar nampa rapot, kula lan kanca kula menyang sempalan nunggu bis. Kula lan kanca kula gantos kaping 2 anggenipun numpak bis. Kula lan kanca kula menika anamung modal nekat anggenipun madosi griyanipun Ika. Amarga menika saweg sepisanan numpak bis namung kula lan kanca kula boten kaliyan tiyang ingkang luwih tua lan dereng mangertos griyanipun Ika, kula lan kanca kula kesasar anggenipun madosi griyanipun Ika. Sakderengipun medhun saking bis menika kula lan kanca kula boten mangertos menawi bis menika sampun dumugi wonten Dongkelan dados miturut pamanggih kula lan kanca kula menika bisipun mandeg amarga ngentosi tiyang sanes medun saking bis. Banjur kenekipun ngendika kaliyan kula lan kanca kula bilih menika sampun dumugi wonten ing Dongkelan. Kula lan kanca kula banjur medhun saking bis lan madosi griyanipun Ika kanthi mlampah ngubengi desa Dongkelan menika. Lajeng tanglet kaliyan Bapak-bapak ingkang saweg lungguh wonten ing ngajeng griya. Ngendikanipun bapak wau menawi griyanipun Ika menika beda RT kaliyan bapak menika lan sampun keblabasen anggen kula lan kanca kula sami mlampah. Kamangka wau sampun nglewati griyanipun Ika lan rumaos kadi adoh tiyang enem ngagem kaos pethak. Jebulna ingkang ngagem kaos pethak menika Ika.
Saksampunipun kepethuk kaliyan ika, kula lan kanca kula dipundhawuhi mlebet lan leren wonten ing griyanipun Ika. Pas jam setengah kalih siang kula lan kanca kula pamitan wangsul. Kula lan kanca kula boten rumaos menawi arta ingkang dipun beta menika kantun saged kangge numpak bis kaping sepisan malih lan mendhet titipan pit ingkang dipuntitipaken wonten ing sempalan. Lajeng kula lan kanca kula saking Dongkelan dumugi rengrut druwo menika kanthi mlampah turut pinggir dalan. Banjur nalika sampun dumugi rengrut druwo numpak bis dumugi sempalan. Sakwise sampun dumugi wonten ing sempalan medhet pit lajeng wangsul wonten ing griyanipun piyambak-piyambak.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar