Senin, 02 Oktober 2017

CERKAK



ORA ILANG
Dening : Surati


Wektu iku dina prei kenaikan kelas. Adat saben tahun ing sekolahanku yen bibar unggah-unggahan kelas loro munggah kelas telu, bareng-bareng piknik migunakake bus pariwisata. Pas tahun ajaran wingi  piknik menyang Bandung.
“Mel, aku tengok awor kowe ya?” pitakonku marang Amel
“ya.”
Bareng wes siap kabeh, bus pariwisata sing uwis kebak iku mangkat menyang Bandung. Jam 6 sore bise sing dinggo piknik mandeg ing pombensin sakperlu sholat maghrib. Banjur pas jam 7 bengi bise mandeg ing restoran Gombong sakperlu makan malam lan sholat isya. Sakwise kabeh wis siap, banjur bise nglanjutke menyang Bandung.
Pas bengi kapisan aku ora biso turu.
“Mel, kowe kademen ora?” pitakonku marang Amel
“we lha mah meneng wae kowe ki Mel?”
Tak enteni pirang-pirang detik nanging Amel ora njawab pitakonku. Banjur tak tiliki, jebul wonge uwes turu nglintek. Bengi kui mripatku tak merem-meremke senajan gur merem nanging ora turu.
Saksampunipun jam papat luwih 15 menit, aku lan kanca-kanca tekan Bandung, age njujug neng rumah makan Grafika, sakperlu solat subuh, adus, lan sarapan. Jam 5 aku lan kanca-kanca adus. Hawane ning Bandung adem banget nganti wonten kanca kula ingkang gerah masuk angin, banjur dipunkeroki kaliyan Ibu guru. Saksampunipun rampung kula lan kanca-kanca banjur mlebet wonten bis malih.
“wis lengkap kabeh urung?”, pitakonanipun Pak guru.
“sampun pak”. jawabe murid-murid.
Bareng wis siap kabeh, bus pariwisata nglanjutke lunga menyang Ciater. Saksampunipun dumugi wonten ing Ciater menika kula lan kanca-kanca sesarengan demok banyu anget wonten mrika uga mubeng-mubeng ing panggonanipun tiyang sade.
“Lia ayo mlebu neng gon rumah hantu?”, pitakone Amel marang Lia.
“emoh aku lha kancane gor sithik kok”. jawabe Lia.
“nek kowe gelem ora Ka?”, pitakone Amel marang aku.
“nek aku manot, ning nek gor wakdhewe wong 2 aku gemang”. jawabku mangsuli pitakonane Amel.
“yo uwis lah rasah sido wae nek ngono”. ngendikane Amel.
Saksampunipun kumpul wonten ing bis, banjur bise nglajengaken lampah menyang wonten ing Tangkuban Perahu. Dalan tumuju dhateng Tangkuban Perahu menika nyengkrek. Wonten ing Tangkuban perahu dipunwenehi tiket 2 kangge numpak angkot menyang kaliyan wangsulipun. Saksampunipun tekan padha ninggali Tangkuban Perahunipun. Ananging boten suwe banjur padha wangsul, amargi boten tahan kaliyan hawanipun wonten ing mrika. Saksampunipun wonten ing Tangkuban Perahu menika banjur nglajengaken lampah tumuju dhateng Museum KAA (Konferensi Asia Afrika). Saksampunipun wonten ing Museum KAA menika banjur tumuju dhateng Cibaduyut supados tumbas oleh-oleh kangge kluarga wonten ing griya piyambak-piyambak.
Nalika dinten ingkang pungkasan lan bise sampun dumugi wonten ing sekolahan, kula lan kanca-kanca sedaya banjur padha wangsul wonten ing griyanipun piyambak-piyambak. Amargi griyanipun kula, Amel lan Lia menika celak, kita wangsul sesarengan numpak bis. Saksampunipun pirang-pirang menit bispun mandheg.
“Mbak ngalamun ya?” pitakkonanipun kenek marang kula lan kanca-kanca.
Banjur kula, Amel lan Lia gregah medhun saka bis, amargi selak isin. Neng batinku mandheg kula kinten nunggu tiyang sanes, ananging ngenteni ne medhun kula lan kanca-kanca menika.
“Mel, lha tasku endi yo? Sek eneng sragam lan hpne mau?” pitakonku marang Amel ingkang bareng-bareng medhun saka bis.
“lha embuh ya. Opo ndanganu ketinggal ning bis sing awakdhewe nunggang mau.” jawabipun Amel.
“wadoh, paling iyo mel. Terus aku sesuk sekolah kepiye nek sragamku malah ilang iki?”
Aku nyambut hpnipun Amel kangge miscall hpku sing ilang awor sragam kala wau. Thut….thut….thut…
Sakwise dipunangkat kula banjur ngendika “Hallo”. Eba kagetku dakrungu swara ingkang sero banget yaiku ibuku nggugah kula.
“Ka…. tangi sekolah.” ngendikane Ibu.
“lho sragam kula menapa mboten ical?”
“ilang? Wis kana gek ndang adus.”
Karo mangkat ning kamar mandi aku rumangsa ayem, sragamku ora ilang.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

MAKALAH BUDAYA SRAWUNG TUMRAP TIYANG JAWI

MAKALAH BUDAYA SRAWUNG TUMRAP TIYANG JAWI Kangge nyekapi tugas mata kuliah Pendidikan Sosial Budaya Dosen Pe ngampu Sri Hertanti Wul...