Dina iku murid anyar padha wayahe dumduman kelas. Ing SMK 1 Pundong Ita katon bingung, jalaran durung duwe papan lan kanca lungguh. Dheweke banjur nyeraki bocah sapantarane. Kanthi sikap sopan Ita ngaruh-aruhi bocah mau.
Ita : “nuwun sewu mbak, panjenengan ketampi jurusan menapa nggih?”
Fitri : “TKJ, menawi mbak?”
Ita : “kula nggih TKJ mbak, lha panjenengan TKJ menapa mbak?”
Fitri : “kula TKJ A mbak, panjenengan?”
Ita : “sami, kula nggih TKJ A.”
Fitri : “nderek nepangaken nami kula Fitri.”
Ita : “kula Ita, saking smp pundi?”
Fitri : “ kalih Imogiri, menawi mbak?”
Ita : “kalih Pundong”
Fitri : “sampun angsal papan lungguh dereng?”
Ita : “dereng, menawi mbak?”
Fitri : “kula nggih dereng menawi awor pripun?”
Ita : ”keleresan, inggih mangga. Wonten ngajeng kemawon!”
Fitri : ”inggih.”
Bocah loro mau banjur mlebu kelas, lan lungguh ing kursi ngarep dhewe. Ita lega amarga sampun angsal papan lan kanca lungguh. Ita lan Fitri banjur omong-omongan lan dadi kanca akrab kawit saiki.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar