Minggu, 08 Oktober 2017
KAHANAN WONTEN ING KECAMATAN PUNDONG KABUPATEN BANTUL
Pundong menika kalebet salah satunggaling kecamatan ingkang mapan wonten ing Kabupaten Bantul. Kecamatan Pundong mapan wonten ing sisih kidul Kabupaten Bantul. Kutha Kecamatan Pundong wonten ing Dusun Bodowaluh, PIring, Pundong, Baran Menang, Lan Kembang Kerep. Kantor kecamatanipun mapan wonten ing Dusun Piring Kalurahan Srihardono. Kecamatan Pundong dipunliwati Lepen Opak ingkang pucukipun wonten ing pasisir Parangtritis nyigar desa Srihardono, desa Seloharjo, lan Desa Panjangrejo.
Papan wisata wonten ing Kecamatan Pundong ugi kathah sanget. Antawisipun Sentral Industri gerabah Pangjangrejo, goa jepang surocolo pundong, jembatan soka seloharjo, pundong, grojogan pucung seloharjo, pundong, grojogan sentong ingkang mapan wonten ing Sambirejo, Bobok Tempel, Kalurahan Seloharjo, peken Pundong ingkang mapan wonten ing pusat kecamatan. Wonten ing peken Pundong, taksih kathah tiyang ingkang sade dhaharan tradisional kayata tiwul, geplak, gaplek, gathot, juwawut ketan, cethil, ongol-ongol, gethuk, karangan, kethak, lan dhaharan khas pundong kayata bakmi pedes Pundong lan abangan. Bakmi pedes utawi Mie Des menika bakmi pedes ingkang dipundamel saking pati tela ingkang dipuniris boten dipungiling kados bakmi biasanipun. Raosipun eco sanget, bentukipun sekedhik kotak lan cendhak. Kuahipun kenthel warni soklat ugi wonten irisan kubis, godhong loncang lan endhogipun.
Langganan:
Posting Komentar (Atom)
MAKALAH BUDAYA SRAWUNG TUMRAP TIYANG JAWI
MAKALAH BUDAYA SRAWUNG TUMRAP TIYANG JAWI Kangge nyekapi tugas mata kuliah Pendidikan Sosial Budaya Dosen Pe ngampu Sri Hertanti Wul...

-
KINANTHI Padha gulangen ing kalbu Ing sasmita amrih lantip Aja pijer mangan nendra Kaprawiran den kaesthi Pesonen sarira nira Cegah d...
-
Numpak Sepur Sinten numpak sepur mbayare setali Wong niki sepur dhur badhe teng Betawi Sinten trima bonceng konangan kondektur yen didh...
-
Semut ireng anak-anak sapi Kebo bongkang nyabrang ing bengawan Keyong gondhang trak sungute Timun pikulan wolu Surabaya geger kepati Ge...
Tidak ada komentar:
Posting Komentar