Dening : Surati
Wes suwe anggonku ora kepethuk marang sliramu
Sliramu sing gawe bungahing atiku
Sliramu sing saben dino gawe aku ngguyu
Ananging tak rasa-rasa sliramu pancen wes lali marang aku
Aku sing meneng-meneng dongakke sliramu
Aku
Ngeruhi wae ora wani
Apa meneh nemoni
Saktenane aku kangen marang sliramu
Marang ceritamu sing lucu-lucu
Marang esemmu sing gawe bungahing atiku
Tidak ada komentar:
Posting Komentar