Assalamualaikum warahmatullahi wabarakatuh
Ingkang kula urmati pangarsa mudha-mudhi, ingkang kula urmati ugi pengurus mudha-mudhi lan kanca-kanca wiranen ingkang kula tersnani.
Langkung rumiyin mangga-mangga kita tansah ngunjukaken raos puji syukur dhumateng Allah Swt. Ingkang sampun maringi kita sedaya kasehatan satemah kula lan panjenengan sedaya saged kempal wonten ing mrika sakperlu kempalan rutin. Boten kesupen ugi sholawat sarta salam mugi kunjuk dhumateng junjungan kita Nabi Agung Muhammad Saw, ingkang maluber dhumateng garwa, putra, sohabat, lan pendherek-pendherekipun khususipun kula lan panjenengan sedaya wwonten ing mriki.
Sakderengipun acara kawiwitan, keparenga kula ngaturaken rantamaning hadicara wonten ing wekdal dalu punika.
Ingkang sepisan pambuka.
Kaping kalih sambutan saking Mbak Dini.
Kaping tiga inti ingkang dipunacarani dening pangarsa karangtaruna sambirejo.
Kaping sekawan lain-lain lan kaping gangsal panutup.
Mangga-mangga hadicara wonten ing wekdal dalu punika kita bikak kanthi waosan basmallah sesarengan. Maturnuwun, mugi-mugi kanthi waosan kasebut saged nglancaraken hadicara wonten ing wekdal dalu punika.
Acara ingkang kaping kalih inggih menika sambutan saking Mbak Dini. Dhumateng Mbak Dini wekdal saha papan kula sumanggaaken.
Maturnuwun dhumateng Mbak Dini ingkang sampun maringi sambutan. Acara saklajengipun inggih menika inti ingkang dipunacarani dening pangarsa mudha-mudhi, dhumateng Mas Warjilan wekdal saha papan kula sumanggaaken.
Maturnuwun dhumateng Mas Warjilan ingkang sampun ngisi Acara inti kempalan mudha-mudhi wonten ing dalu punika. Acara ingkang kaping sekawan inggih menika lain-lain, dhumateng mbak Santika wekdal saha papan kula sumanggaken.
Maturnuwun dhumateng Mbak Santika ingkang sampun ngisi lain-lain.
Acara ingkang pungkasan inggih menika panutup. Mangga-mangga hadicara ing wekdal dalu punika kita tutup kanthi waosan hamdallah sesarengan. Maturnuwun.
Mbokbilih anggen kula matur kathah kalepatan kula nyuwun agunging pangapunten. Kula akhiri.
Wassalamualaikum warahmatullahi wabarakatuh.
Langganan:
Posting Komentar (Atom)
MAKALAH BUDAYA SRAWUNG TUMRAP TIYANG JAWI
MAKALAH BUDAYA SRAWUNG TUMRAP TIYANG JAWI Kangge nyekapi tugas mata kuliah Pendidikan Sosial Budaya Dosen Pe ngampu Sri Hertanti Wul...

-
KINANTHI Padha gulangen ing kalbu Ing sasmita amrih lantip Aja pijer mangan nendra Kaprawiran den kaesthi Pesonen sarira nira Cegah d...
-
Numpak Sepur Sinten numpak sepur mbayare setali Wong niki sepur dhur badhe teng Betawi Sinten trima bonceng konangan kondektur yen didh...
-
Semut ireng anak-anak sapi Kebo bongkang nyabrang ing bengawan Keyong gondhang trak sungute Timun pikulan wolu Surabaya geger kepati Ge...
Tidak ada komentar:
Posting Komentar