MAKALAH
BUDAYA SRAWUNG TUMRAP TIYANG JAWI
Kangge nyekapi tugas mata kuliah Pendidikan Sosial Budaya
Dosen Pengampu Sri Hertanti Wulan, S.Pd, M. Hum.
Disusun oleh :
Nama : Surati
NIM : 16205241050
Kelas : B
PROGRAM STUDI PENDIDIKAN BAHASA DAERAH (JAWA)
FAKULTAS BAHASA DAN SENI
UNIVERSITAS NEGERI YOGYAKARTA
2017

ATUR SAPALA
Puji syukur tansah katunjukaken dhumateng Gusti Allah SWT ingkang sampun paring mapinten-pinten rohmat saha kawelasan satemah makalah kanthi irah-irahan “Budaya Srawung Tumrap Tiyang jawi” menika saged ripta kanthi boten wonten alangan setunggal punapa. Makalah menika kula damel kangge njangkepi tugas mata kuliah Pendidikan Sosial Budaya wonten semester tiga menika.
Ananging maturnuwun kula kaunjukaken dhumateng Ibu Sri Hertanti Wulan, S.Pd, M. Hum ingkang tansah paring ngelmu kagem kula saha sinten kemawon ingkang sampun paring pambiyantu dhateng kula.
Wonten saklebetipun makalah menika saestu taksih kathah lepatipun. Pramila awit saking menika, kula tansah nyuwun dhumateng sedaya kemawon ingkang maos makalah menika supados saged paring kritik utawa pamanggih sanes kangge sampurnanipun makalah menika. Mugi-mugi makalah menika saged paring manpaat kagem sinten kemawon.
Ngayogjakarta, 22 Desember 2017
Panyerat,
DAFTAR ISI
HALAMAN JUDUL
ATUR SAPALA……................................................................................ i
DAFTAR ISI.............................................................................................. ii
BAB I PAMBUKA
1. Dhasaring Perkawis......................................................................... 1
2. Underaning Perkawis....................................................................... 1
3. Ancas.............................................................................................. 1
BAB II GEGARAN TEORI..……………………….................................. 2
BAB III WOSING
A. Ajine Kawruh Sesrawungan………………………........................ 3
B. Caranipun Sesrawungan.…………................................................. 4
C. Ingkang Perlu Dipungathosaken Nalika Sesrawungan................... 5
D. Manpaat Sesrawungan...…………................................................. 5
BAB III PANUTUP
A. Dudutan.........................….............................................................. 6
DAFTAR KAPUSTAKAN........................................................................ 7
BAB I
PAMBUKA
A. Dhasaring panaliten
Ing wekdal menika, kebudayaan Jawi ingkang beragam sanget miwiti pasiten dipuntilaraken dening masyarakat amargi ngados alasan. Padahal kebudayaan Jawi kedah sanget dipunlestantunaken kersanipun marakake mukawis daya geret ugi kebanggan kagem daerah kaliyan budaya kesebat.
Budaya Jawi sangeta kathah, ananging ingkang kedadosan sakmenika yaiku masarakat Jawi piyambak miwiti mengker budaya amargi sawijining faktor. Faktor ingkang paling mempengaruhi yaiku faktor mboten sadaripun masarakat badhe wigatosipun nglestantunaken budaya Jawi. Hal punika ingkang dados dasar pangastan mila “Budaya Sesrawungan Tumrap Tiyang Jawi”.
B. Underaning Perkawis
1. Menapa ajine kawruh saking pasrawungan?
2. Kados pundi caranipun sasrawungan ingkang sae?
3. Menapa kemawon ingkang perlu dipungathosaken nalika sesrawungan?
4. Menapa kemawon manpaat saking sesrawungan?
C. Ancas perkawis
1. Supados mangertos ajine kawruh saking pasrawungan.
2. Supados mangertos caranipun sesrawungan ingkang sae.
3. Supados mangertos ingkang perlu dipungathosaken nalika sesrawungan.
4. Supados mangertos manpaat saking sesrawungan.
BAB II
GEGARAN TEORI
Sesrawungan menika dipundhut saking tembung Srawung. Wonten ing jaman modern kados sakniki, srawung utawa sesrawungan inggih menika bergaul, komunikasi, silaturahmi, nongkrong lan gojekan. Sanesipun, sesrawungan nggadahi teges komunikasi utawa sesambungan kaliyan tiyang sanes ingkang dipunbangun saklebeting wekdal lan papan panggenan, kanthi boten mirsani kasta, golongan, latar belakang, lan derajat ekonomi.
BAB III
WOSING
A. Ajine Kawruh Sesrawungan
Kita gesang wonten ing alam donya menika mbutuhake srawung marang tiyang sanes. Amargi tiyang setunggal lan setunggalipun kedah sesambungan: gethok tular, tulung tinulung, sambat-sinambat. Wiwit jaman kuna, gesangipun manungsa pancen sampun padha sesrawungan lan gegrombolan. Kejaba wonten tiyang ingkang badhe gesang boten salumrahipun, badhe menjila, mertapa, utawi gesang piyambak wonten ing tengahipun wana, boten menggalih perkawis sandhang, pangan lan keperluwan, saged ugi tiyang ingkang kados mekaten wau boten mbutuhaken pasrawungan.
Ananging tumrapipun tiyang ingkang gesang ing bebrayan, ingkang mangku bale griya, ingkang sesambungan lan kulawarga, purun boten purun, kedah sesrawungan marang tiyang sanes. Wiwit nindakake pedhamelan kangge nyekapi kebutuhanipun piyambak ing saklebetipun griya ugi ing sajawinipun griya, ngantos pedhamelan wonten ing kantor, peken, plabuhan, pabrik, tegal sawah, lan sapanunggalanipun. Kita mesthi mbutuhake srawungan lan tenaganipun tiyang sanes.
Mliginipun tumrap tiyang ingkang badhe anggayuh kemajuwan ing laladan pedhamelanipun, bab sesrawungan menika kedah dipungathosaken sanget. Dipunsinau kanthi temen-temen supados mangertos marang wadi-wadi, nuli ditindakake kanthi becik, murih sageda karahayon saking anggone pinter sesrawungan, sokur bage saged antuk kauntungan.
Miturut panitipriksane Lembaga Carnegie, nyatanipun menawi asilipun gegayuhan tiyang ing laladan pedhamelan menika: 15% saking kawruhipun piyambak, yaiku kawruhipun ingkang dipuntindakake, dene ingkang 85% saking anggone pinter sesrawungan kaliyan tiyang sanes, lamgkung-langkung kaliyan tiyang ingkang gegayutan marang pedhamelanipun.
Menika pentingipun kawruh bab sesrawungan utawa pergaulan. Ananging nalikanipun kita taksih alit, taksih sekolah rumiyin boten nate angsal wulangan kados mekaten. Mekaten ugi ing kapustakan kita, para leluhur kita boten ninggalaken kitab wewarah ngelmu sesrawungan ingkang saged kita dipunangge dados tuntunan gesang ing salebetipun alam donya menika. Ing Wedhatama anamung wonten tinemu pepindhan, kados pundi tunanipun tiyang ingkang kidhung wonten bab sesrawungan amargi kirang anggenipun sesurupan. Sanadyan tuwa pisan, ananging menawi boten mangertos marang ubeng ingering jaman, yekti sepi asepa lir sepah samun, samangsane pakumpulan, gonyak-ganyuk nglelingsemi. Mangkono kasebut ing Wedhatama.
Dados tiyang ingkang kirang kawruhipun, menawi sesrawungan kaliyan tiyang kathah, sikapipun gonyak-ganyuk ngisin-isini. Utawi cara tembungipun ingkang lumrah : lingak-linguk kaya kethek ditulup. Pramila saking menika, kawruh sesrawungan utawa pergaulan menika sejatosipun perlu sanget kita udi. Awit menawi kita kasil saged nindakaken kanthi becik, saged narik kawigatosan lan sengsemipun tiyang ingkang kita ajak sesrawungan, bakal saged nekakaken karahayon tumrap kita, lan ugi saged nekakaken kauntungan lan kabegjan tumrap pedhamelan kita.
B. Caranipun Sesrawungan
Sesrawungan nggadahipun 2 cara inggih menika:
1. Sesrawungan langsung
Sesrawungan langsung inggih menika tiyang satunggal dhateng tiyang satunggalipun sami padha kepanggih gapruk, ingkang dipunsengaja utawi boten dipunsengaja
2. Sesrawungan boten langsung
Sesrawungan boten langsung inggih menika tiyang satunggal kaliyan tiyang satunggalipun mboten sami kepanggih ananging saged sami sesambetan utawi sesrawungan.
Ing jaman modern kados sakmenika, kathah piranti sesambetan ingkang canggih ingkang saged diagem sesrawungan, piranti menika boten namung tiyang enem ingkang saged ngagem ananging tiyang sepuh ugi saged ngginakaken, umpaminipun: Facebook, Twitter, BBM, WhatsApp, Line, lan sapanunggalanipun.
Kejawi saged dipunginakaken kangge sesrawungan kados kala wau, piranti menika utawi lumrahipun kasebat Sosial Media (SosMed) ugi saged dipuginakaken kangge mangertosi donya njawi.
C. Ingkang Perlu Dipungathosaken Nalika Sesrawungan
1. Unggah-ungguh utawi tumindakipun.
2. Pangandikan ingkang sopan lan mboten nyinggung tiyang sanes.
3. Saged nampi pamanggihipun tiyang sanes.
4. Boten mekso tiyang sanes nyembadhani pamanggihipun piyambak.
D. Manfaat Sesrawungan
1. Nuwuhaken paseduluran.
2. Nuwuhaken pengalaman.
3. Nuwuhaken pangertosan.
BAB III
PANUTUP
A. Dudutan
Tumrapipun tiyang ingkang gesang ing bebrayan, ingkang mangku bale griya, ingkang sesambungan lan kulawarga, purun boten purun, kedah sesrawungan marang tiyang sanes. Wiwit nindakaken pedhamelan kangge nyekapi kebutuhanipun piyambak ing saklebetipun griya ugi ing sajawinipun griya, ngantos pedhamelan wonten ing kantor, peken, plabuhan, pabrik, tegal sawah, lan sapanunggalanipun. Kita mesthi mbutuhaken sesrawungan lan tenaganipun tiyang sanes.
DAFTAR KAPUSTAKAN
http://202.152.135.5/web_kamusbahasajawa/index.php?view=cari
https://jv.wiktionary.org/wiki/srawung